Rabu, 09 September 2015

BAHASA JAWA



TEMBANG MACAPAT


 A. TEMBANG MACAPAT 
Tembang Macapat uga sinebut puisi tradhisional jinisi lan perangane dadi telung perangan gedhe :
    a) Puisi Tembang Macapat ( puisi tembang cilik )
        Sing kalebu ana tembang macapat yaiku : Kinanthi, 
        Pocung, Asmaradana, Maskumambang, Pangkur, 
        Durma, Sinom lan Dandhanggula.
    b) Puisi Tembang Tengahan ( tembang dhagelan )
        Sing kalebu ana tembang tengahan yaiku : Megatruh 
        (Dudukwuluh), Gambuh, Wirangrong, Balabak, lan 
        Juru Demung.
    C) Puisi Tembang Gedhe (kawi)
         Sing kalebu tembang gedhe yaiku Girisa.

B. PAUGERAN TEMBANG MACAPAT
Tembung macapat kaiket dening paugeran - paugeran ing ngisor iki.
        a. Guru Gatra
            Guru Gatra yaiku cacahing / gunggunge gatra / 
            baris / larik /, saben sapada/sapupuh/sabait.
            Saben - saben tembung ,acapat nduweni guru 
            gatra kang beda - beda.
        b. Guru Wilangan
            Guru Wilangan tegese gunggunge wanda ( suku 
            kata ) saben sagatra. Kadayane guru gatra,  saben 
            tembang nduweni guru wilangan kang beda - beda.
        c. Guru Lagu
            Guru Lagu tegese tibaning swara ing pungkasaning 
            gatra kang dinulu saka guru gatra, guru lagu, lan 
            guru wilangane. 

TUGAS !
COBA GAWEA SYAIR TEMBANG POCUNG KANG WUJUDE BETHEK-BETHEKEN ( Manut aturan guru gatra, guru lagu, guru wilangan).

JAWAB